Rabu, Oktober 22, 2008

SIMBAH WONGSOSUKARTO

Punika dalemipun simbah kula, wonten dusun Ngagul-agulan Sendangrejo Minggir Sleman Ngayogyakarta. Asmanipun simbah Wongsosukarto, simbah kakung lan putri sampun sekeca wonten ing suwargi. Simbah Putri dipun pundhut Pangeran Dalem Gusti Yesus kala kula taksih alit, mbokmenawi kula SD, kinten-kinten taun 1983an. Simbah kakung pun pundhut Kanjeng Pangeran langkung dangu saking sedanipun simbah putri.

Kala kula taksih sekolah SMA Stella Duce I, dinten Setu bubar sekolah kula nglaju wangsul ndesa. Pinanggih kaliyan Simbah Putri, ingkang sampun ngenteni wayah kesayangan... lha.. nggih pancen kula punika wayah kesayanganipun Simbah Putri. Kala semanten, kula dipun paringi beras sakarung goni, gori mateng ingkang sampun dados nangka-eca sanget lan manis- ugi tempe bacem utawi tahu, sedaya kedah kula beta wonten ing griya kutha.

2 komentar:

http://www.wongndesa.co.id mengatakan...

Mbak ndari, wah mbak punika taksih saged basa jawi kanthi sae, kula kinten mboten saged, ya mugi2 anggenipun mbak ndari nyerat wonten ing blog punika, saged ngemut emut leluhur kita, kulawarga mbah wongsasukarta ....

MIA Wulandari mengatakan...

haha..cah...cah..aku ki lagi arep nyoba ngeling-eling basa leluhur. Sing tak arep kowe mbantu uga, yen ana keleru olehku nulis yo dikoreksi. Nuwun, Cah