Rabu, Oktober 22, 2008

CATHETAN

Aku nyoba nulis nganggo basa jawa, dudu basa krama inggil, nanging campur ngoko lan basa 'gaul' cah Jogja. Gara-garane sedulurku-aku yen ngundang Gendut-amarga pas cilik gendut banget... jarene lho, wong aku yo durung lair pas cilike- maca blogku njur usul kenapa ora nganggo basa jawa wae.. Walah... nanging aku yo mikir, why not?

Aku arep nyoba nulis cathetan harian (taela... lah.. nek iki basa jawane apa ya) Yen 'My Day' basa jawane kira-kira 'Dinaku' (le maca: dinoku) utawa mengko tak wenehi judul 'Sambat', maksude mengeluh nek basa Indonesiane tapi kok wong urip sambat terus ya...utawa 'Uneg-uneg'.. mungkin iki sing rada pas...Tetembungan...marga isine warna-warna.

Nggih, dipun waos kemawon mbok menawi wonten kalepatan anggenipun kawula nulis, kawula nyuwun gunging pangaksama. Nuwun

Tidak ada komentar: